Senin, 11 Januari 2010

KAWRUH BUDAYA JAWA

TRADHISI SEKATEN
Tembung Sekaten asale saka Sahadatein, tegese Kalimah sahadat kang cacah loro, yaiku sahadat Tauhid lan sahadat Rasul. Mula satemene ing upacara sekaten kang saben taun digelar tanggal 12 Maulud iku kanggo mangayubagya miyose kanjeng Nabi Muhammad SAW. Lumebere kanggo njejegage lan ngencengake Ajaran agama lan pekertine manungsa. Upacara inti dianakake ana ing pelataran mesjid Agung Surakarta dalasan Ngayogyakarta. Kang pinangka rerangken baku yaiku Tumpeng lan Gamelan.
Tumpeng/gunungan artine: Yen uripe manungsa iku wus bisa tekan ing pucaking panembah marang Gusti Allah yekti bakal bisa nyawang kanthi tamat lan gambling bab tuntunaning panembah lan pait getiring panguripan ana ing alam donya. Ing gunungan mau ana buah lan sayur kang werna werna wujude lan rasane, legi, pait, getir, (Piwulang bab aqidah).
Gamelan : cacahe loro yaiku Kyai Sekati lan Nyai Sekati. Gamelan iku wujudake lan swarane werna-werna, ananging yen ditabuh kanthi nganggo wewaton sing bener bakalan nuwuhake swara kang tumata lan laras dirungu. Nah iki pinangka sanepa : Supaya wong urip nang masyarakat iku beda-beda pangkat, suku bangsa, agama, lan budayane, nanging manawa bisa urip sayuk rukun bakal nuwuhake kekuwatan kang ngedab edabi lan nyadani urip ing donya nganti akherat ( Piwulang bab toleransi).
Ing saben tahun mesthi diedol werna-werna jajanan, upamane kinang (suruh, injet, gambir), ana sing dodol bonekah, pecut, celengan. Kabeh mau mududake parentah kang ora tinulis kaya andharan ing ngisor iki.
Bonekah saka lemah, iki sanepa manawa putra iku kudu diwenehi wewarah kang murakabi aja nganti mrucut saka gendhongan, ucul saka gembolan. Jalaran ana pemuda iku kang bakal gumanti dadi pangarsa kulawarga, bangsa, lan agama (Piwulang bab kaprajan). Kinangan kang awujud barang sing rasane pait getir lan sepa, iku mujudake sanepan yen wong urip ora kena singlar saka bebayane urip kang awujud ujiane wong urip. Kabeh mau yen bisa diadepi kanthi sabar, tawakal, lan bener anut panataning agama ing tembe bakal manise urip ing donya lan akherat (Piwulang hakekat swarga neraka). Celengan maksude wong urip kudu kebak ing pangati-ati, aja tinggal kaprayitna. Mula ana tetembungan sapa sing tinggal petung bakal bunting. Maksude, ora kok petung Klenik iku, nanging samubarang tetimbangan (etungan nalar) kanggo ngadepi sandhungane wong urip supaya ora mung diadhepi kanthi sakecekele wae utawa ngawur. Bisa dimaknani celengan bandha, supaya bisa nindake parentah agama (zakat, sidaqoh, haji,)bisa uga dimaknani celengan amal ing donya kanggo urip ing akherat besok (Piwulang bab managemen). Pecut, iki sanepa supaya manungsa iku rumangsa tansah dipecut/diparentah kanggo tumindak becik kanggo nyukupi panguripan donya lan akhirate. Yen duwe tugas utawa gawean aja nganti direndhe-rendhe akhire rugi dhewe (Piwulang bab motivasi).
Mangkono andaran sawetara ngenani bab sekaten, mula sing penting nindake isine sanepan mau, aja mung ketungkul karo totonan “wadhage” wae banjur ora paham karo piwulang kang sianandi.
Sumber: Penyebar Semangat,12 2006

Tidak ada komentar:

Posting Komentar